Sastra Wali Sanga
Sapantuk wahyuning Allah,
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bakat mikat reh mangukut,
kukutaning jiwangga,
kang mangkono kena ingaran wong sepuh,
liring sepuh sepi ing hawa,
awas roroning atunggal.
Tan samar pamoring sukma,
sinukmaya winahya ing ngarepi,
sinimpen telenging kalbu,
pambukaning warana,
tarlen saking layap liyeping ngalnyap,
pindha pesating sumpena,
sumusup ing rasa jati.
Sejatine kang mangkana,
wus kahanan nugrahaning Hyang Widhi,
bali alaming asuwung,
tan karem karameyan,
ingkang sipat wisesa winisesa wus,
mulih mula-mulanira,mulane wong anom sami.
(Serat Wedhatama-pupuh pangkur)
Sapantuk wahyuning Allah,
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bakat mikat reh mangukut,
kukutaning jiwangga,
kang mangkono kena ingaran wong sepuh,
liring sepuh sepi ing hawa,
awas roroning atunggal.
Tan samar pamoring sukma,
sinukmaya winahya ing ngarepi,
sinimpen telenging kalbu,
pambukaning warana,
tarlen saking layap liyeping ngalnyap,
pindha pesating sumpena,
sumusup ing rasa jati.
Sejatine kang mangkana,
wus kahanan nugrahaning Hyang Widhi,
bali alaming asuwung,
tan karem karameyan,
ingkang sipat wisesa winisesa wus,
mulih mula-mulanira,mulane wong anom sami.
(Serat Wedhatama-pupuh pangkur)